Home » » NINGKATAKEN KUALITAS PARA DWIJA BASA JAWI

NINGKATAKEN KUALITAS PARA DWIJA BASA JAWI

Written By MTsN Majenang on Jumat, 28 Oktober 2011 | 22.06

Oleh: Darul Rahmadi, S.Pd---Guru Matematika dan Bahasa Jawa, MTs Negeri Majenang----
Darul Rahmadi
Kagem ningkataken kualitas saha peranan guru mata pelajaran, salah satunggalipun program Kementeriaan Agami Jawa Tengah ingih menika sesarengan kalian Kementerian Agami Daerah Istimewa Yogyakarta manunggal ngawontenaken Diklat Ningkataken Kuliatas Para Dwija Bahasa Jawi MTs Tingkat Dasar ingkang kalaksanakaken kawiwitan rikolo dinten Senen surya kaping 18 September 2011 dumugi titimangsa dinten rabu surya kaping 29 September 2011. 

Diklat Ningkataken Kuliatas Para Dwija Bahasa Jawi MTs Tingkat Dasar meniko tujuanipun haningkataken potensi Dwija Bahasa Jawi wonten Kementerian Agami, haningkataken kemampuan profesionalanipun soho kompetensinipun supados langkung saged ngembanggaken mutu lan prestasi kerja wonten satker kerjanipun kiyambak-kiyambak. 

Dasar Pedoman Diklat Ningkataken Kuliatas Para Dwija Bahasa Jawi MTs Tingkat Dasar ingkang diwontwnaken dening Kementerian Agami Jawa Tengah sesarengan kalian Kementerian Agami Daerah Istimewa Yogyakarta inggih menika : 1. Undang-undang RI Nomor 8 Taun 1974 babagan Pokok-pokok pegawai ingkang disempurnakaken kaliyan Undang-undang RI Nomor 43 Taun 1999. 2. Peraturan Pemerintah Nomor 101 Taun 2000 babagan Pendidikan soho Pelatihan Jabatan Pegawai Negeri Sipil. 3. Keputusan Menteri RI Nomor 1 Taun 2003, Surya kaping 2 Januari 2003 babagan Pedoman Penyelenggaraan Pendidikan soho Pelatihan PNS wonten Lingkungan Kementeriaan Agami. 4. Keputusan Menteri Agama RI Nomor 345 Taun 2004 Surya kaping 14 Juni 2004 babagan Organisasi soho Tata Kerja Balai Pendidikan soho Pelatihan Keagamaan. 5. DIPA Balai Pendidikan Soho Pelatihan Keagamaan Semarang Taun Anggaran 2011 nomor : 0650/025.11.2.01/13/2011 Surya kaping 20 Desember 2010, Kode Kegiatan : 2152.01.001, AKUN : 521211, 521213 , 521219 , 522115 , 524119. 

Diklat Ningkataken Kuliatas Para Dwija Bahasa Jawi MTs Tingkat Dasar meniko dipunlampahi dening para dwija bahasa jawi katahipun 30 duto saking Kementerian Agami Provinsi Jawa Tengah soho Kementerian Agami Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Rincian para Dwija inggih menika saking Kementerian Agami Provinsi Jawa Tengah katahipun 24 para dwija soho 6 duto saking Kementerian Agami Daerah Istimewa Yogyakarta.

Saking 30 Duto menika, kasunyatanipun wonten 50% para Dwija ingkang gadhah Ijazah ananging sanes saking jurusan Bahasa Jawi. Ananging amargi sampun tugasipun soho profesionalipun, para Dwija ingkang sanes saking jurusan Bahasa Jawi tetep kemawon kawruhipun mboten benten kaliyan ingkang jurusan Bahasa Jawi. Para Dwija Diklat Ningkataken Kuliatas Para Dwija Bahasa Jawi MTs Tingkat Dasar sami antosias, semangat mirengaken soho nindakaken sedoyo tugas saking Widya Iswara dumugi paripurna. Kawruh ingkang dipunwulangaken wonten Diklat Ningkataken Kuliatas Para Dwija Bahasa Jawi MTs Tingkat Dasar antawasipun inggih menika : Kebijakan Diklat PNS wonten Lingkungan Kemenag, Kebijakan Mapenda babagan Pembinaan Madrasah, UUD 1945, Ketetepan soho Putusan MPR, Standar Nasional Pendidikan, Standar Kompetensi Guru soho Pengembangan Profesi Guru , Konsep dasar Pengembangan Kurikulum Tingkat Satuan Dasar Pendidikan, Konsep Pembelajaran soho Pemetaan Materi Bahasa Jawi, Pengembangan Silabus soho Rencana Pelaksanaan Pembelajaran ingkang cocok kalian Panduan Pengembangan KTSP, Pendidikan Budaya soho Karakter Bangsa (PBKB), Penilaian Pembelajaran, Model-model Pembelajaran, Pemanfaatan Media soho Sumber Pebelajaran, Paedagigik, Analisis Tingkat Pembelajaran (Perencanaan, Pelaksanaan, Evaluasi, soho Refleksi wonten Proses Pembelajaran, Pendidikan NIlai-nilai Kewirausahaan, Pembicara Khusus, Pengarahan Diklat Terarah dumateng Tujuan soho Sasaran, Evaluasi, Building Learning Comintmet, Studi Lapangan/Microteaching.
Share this article :

0 komentar:

Posting Komentar

Sambutan Kepala Madrasah

makhAssalamu alaikum Wr. Wb. Selamat datang para pengunjung weblog MTs Negeri Majenang. Weblog ini diterbitkan dalam rangka membangun komunikasi yang efektif antara sivitas akademika MTs Negeri Majenang dengan masyarakat. Seiring dengan perkembangan ... Selengkapnya


 
Rujukan : Kemenag | Kemdikbud | KPK | Kemenag | Kemdikbud | KPK | Kemenag | Kemdikbud | KPK | Kemenag |
Copyright © 2013. MTS MAJENANG - Kontak Person : 0812 2935 3524
Template Created by Creating Website Modified by CaraGampang.Com
Proudly powered by Blogger